Contoh Pranatacara Syawalan

A
ssalamu’alaikum wr wb
Bismillahirohmanirohim,alhamdulillahirobbilalamin.assolatu wassalamu’ala asrofil ambiya’i wal mursalin, sayidina muhammadin wa’ala aalihi washohbihi ajmangin, amaba’du
Para pini sepuh saha para sesepuh ingkang satuhu dahat kinabekten
Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana
Langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom...(nama tokoh yang akan memberikan tausiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang satuhu dahat kinurmatan
Para Bpk sumrambah para Ibu,para sedherek, lan para rawuh sedaya ingkang minulya
Kula ingkang kajibah minangka pranata titilaksana ing adicara syawalan ing ndalu menika, keparenga langkung rumiyin ngunjukaken puja pangalembana saha sokur ing ngarsa dalem Allah SWT, dene awit saking rahmat saha hidayah ipun, kula panjenengan sedaya ing wekdal menika sampun kaparengaken makempal ing papan menika, kanthi rahayu, widada, wilujeng nir ing sambekala.
Salajengipun minangka cecala, keparenga kula ngaturaken rantaman urutaning titilaksana adicara syawalan ing dalu menika,mekaten:
Titilaksana adicara angka setunggal_Pambuka
Kalajengaken Titilaksana adicara angka kalih_ Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe dipunsalirani dening sedherek....
Ndungkap titilaksana adicara angka tiga_wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bpk dukuh pedukuhan....
Titilaksana adicara angka sekawan_Ikrar syawalan ingkang badhe dipun salirani dening panjenenganipun Bpk....
Wondene titilaksana adicara ingkang angka gangsal nun inggih_Hikmah syawalan, ingkang samangke badhe kaparingaken dening almukarrom Bpk....
Titilaksana adicara angka enem utawi pungkasan_Panutup
==============================
==Contoh Ikrar Syawalan==

2 comments:

Terima kasih Anda telah memberikan komentar,saran, dan kritik demi kemajuan blog ini :)

Posting Komentar