Kultum Bahasa Jawa-Sabar lan Shalat

B

apak Ibu Jama’ah rahimakumullah
Sedaya manungsa menika tansah mbetahaken pitulungan. Manungsa gesang mbetahaken pitulunganipun Alloh. Salah satunggaling cara anggenipun kita nyuwun pitulungan dhumateng Alloh inggih menika kanthi kesabaran lan shalat.

Wonten ing Al Quran Surat Al Baqarah 45-46 Alloh berfirman Ingkang artosipun: jadikanlah sabar dan shalat sebagai penolongmu dan sesungguhnya yang demikian itu sungguh berat kecuali bagi orang-orang yang khusyuk(yaitu) orang-orang yang meyakini bahwa mereka akan menemui Tuhannya dan bahwa mereka akan kembali kepadaNya.
Wonten ing surat Al Baqarah ayat 153 dipun sebatkaken Ingkang artosipun: hai orang-orang yang beriman jadikanlah sabar dan shalat sebagai penolongmu, sesungguhnya Alloh beserta orang-orang yang sabar

Saking ayat2 kala wau saged kita pahami bilih kita kedah nyuwun dhumateng Alloh kanthi sabar lan shalat.
Sabar lan shalat menika kaleh amalan utami menawi kita badhe nyuwun menapa kemawon dhumateng Alloh.amargi sabar lan shalat menika amalan shaleh ingkang saged mendekatkan diri kita dhumateng Alloh. Kesabaran menika amalan hati lajeng shalat menika amalan perbuatan anggota badan. Kaleh2 ipun nggadhahi kedudukan ingkang mulia.

Para ulama mbagi kesabaran menika dados 3 werni:
1. sabar anggenipun nindakaken perintahipun Alloh
2. sabar anggenipun nebihi laranganipun Alloh
3. sabar anggenipun nampi musibah / ujian saking Alloh
Tigang werni kesabaran menika kedah dipuntindakaken kanthi sae supados kita pikanthuk pitulunganipun Alloh

Bpk Ibu jama’ah rahimakumullah
Sarana supados kita pinaringan pitulungan saking Alloh inggih menika kanthi nindakaken shalat. Ingkang utami shalat wajib salajengipun shalat sunnah. Amargi wonten ing shalat kita saged berkomunikasi secara langsung dhumateng Alloh. Kita pasrah ngaturaken kelemahan lan sanget mbetahaken pitulunganipun Alloh.

Rasulullah nate ngajaraken shalat hajat kagem nyuwun pitulunganipun Alloh. Shalat istiharah kagem nyuwun kemantapan hati menawi wonten kaleh perkawis ingkang membingungkan. Kita ugi sampun dipun ajaraken shalat tahajud terutama wonten ing sepertiga malam terakhir wekdal ingkang dipunistimewakan Alloh. Menawi wonten hamba ingkang nyuwun ampunan Alloh bakal ngampuni dosanipun. Menawi nyuwun pitulungan Alloh ugi badhe maringi pitulungan.

Sumangga wonten ing shalat kita tansah nyuwun pitulungan dhumateng Alloh temtunipun kedah kanthi kesabaran. Insyalloh kita saged tansah pinaringan pitulungan saking Alloh.aamiin

0 comments:

Terima kasih Anda telah memberikan komentar,saran, dan kritik demi kemajuan blog ini :)

Posting Komentar