Kultum Bahasa Jawa-Zakat Fitrah

Z

akat fitrah salah satunggaling kewajiban ingkang hubunganipun erat kaliyan siam ramadhan. Zakat menika dipun dalaken nalika wonten akhir wulan ramadhan. Kewajiban zakat fitrah menika nggadhahi 2 hikmah utami:
1) Menyucikan siam tiang ingkang nindakaken siam. Amargi saged ugi saklaminipun kita nindakaken siam ramadhan kita melakukan hal-hal ingkang mbatalaken pahala siam misalipun kados perkataan /perbuatan yang mungkar.
Nabi nate ngendikakaken hal kala wau wonten ing hadis ingkang dipun riwayataken ibnu abbas, “Rasulullah saw memfardukan zakat fitrah untuk menyucikan orang yang berpuasa dari perkataan yang kotor lagi munkar dan sebagai makanan bagi orang-orang miskin”(HR Abu Dawud)
2) Maringi pitulungan dhumateng tiyang fakir/miskin supados mboten meminta-minta wonten ing hari raya utawi supados tiyang menika bergembira disaat orang lain bergembira
Kanthi maringi zakat kala wau harapanipun penderitaan sedherek ingkang fakir/miskin menika saged berkurang.paling mboten saat hari raya.amargi hari raya menika mujudaken hari gembira sae menika tiyang miskin, kaya kedah ngraosakaen kegembiraan.

Bpk ibu jamaah rahimakumullah
Wonten ing salah satunggaling hadis ingkang dipun riwayataken ibnu umar Rasulullah saw majibaken zakat fitrah inggih punika satu sha’ korma kering utawi satu sha’ gandum dhumateng tiyang ingkang merdeka lan hamba sahaya kakung lan putri alit lan dewasa saking kalangan muslim. nabi merintahaken zakat fitrah menika dipun bayaraken sakderengipun tiyang-tiyang medal nindakaken shalat idul fitri (HR Bukhari)

Berdasarkan hadis kala wau syarat kewajiban tiyang mbayar zakat fitrah inggih punika:
1) beragama islam.
2) mampu. Batas minimalipun nggadahi harta ingkang melebihi keperluanipun piyambak wonten ing dalu lan siang hari raya. Ingkang termasuk dados kewajibanipun mbayar zakat inggih punika tiyang2 ingkang dados tanggung jawabipun kados putran2ipun.
3) masuk waktu zakat fitrah. Dimulai sejak tenggelamnya matahari hari terakhir bulan ramadhan dan berakhir sebelum menunaikan shalat idul fitri.
Ananging zakat menika saged dipuntindakaken 1 utawi 2 dinten sakderengipun shalat id.tujuanipun supados nglonggaraken tiyang ingkang maringi zakat lan ingkang nampi.
Penundaan pembayaranzakat fitrah ngantos dumugi sakbibaripun shalat id menika haram hukumipun. Berdasarkan hadis ingkang dipun riwayataken ibnu abas: “ barangsiapa menunaikannya sebelum shalat id maka itulah zakat yang diterima, sedangkan barang siapa menunaikannya sesudah shalat maka itu dihitung sebagai sedekah sebagaimana sedekah biasa lainnya ( HR Abu dawud)

Bpk Ibu jamaah rahimakumullah
Kadar zakat fitrah inggih punika satu sha’ gandum utawi biji-bijian utawi makanan pokok sanesipun .
Satu sha’ gandum menawi timbangan samenika setara 2,176 kg ( biasanipun wonten ing negari kita dipun genepaken 2,5 kg).
Miturut mazhab hanafi dipun keparengaken mbayar zakat dengan nilai utawi harga makanan pokok .krana tujuan inggih menika nutup kabetahan tiyang2 miskin wonten ing hari raya.
Ibnu taimiyah berkata: “mengeluarkan zakat fitrah dengan nilai atau harganya karena kebutuhan atau maslahat atau demi keadilan itu tidak mengapa.”

Salajengipun penyaluran zakat menika diparingaken dhumateng 8 golongan kados ingkang dipunjelasaken wonten ing surat at taubah:60..
“ sesungguhnya zakat-zakat itu hanyalah untuk orang-orang fakir, orang-orang miskin, pengurus-pengurus zakat, para mualaf yang dibujuk hatinya, untuk (memerdekakan) budak, orang-orang yang berhutang, untuk jalan Allah dan orang-orang yang sedang dalam perjalanan, sebagai suatu ketetapan yang diwajibkan Allah, dan Allah Maha Mengetahui lagi Maha Bijaksana.

Mugi-mugi kita kalebet tiyang-tiyang ingkang mampu nindakaken kewajiban zakat kanthi penuh keikhlasan.aamiin

5 comments:

Terima kasih Anda telah memberikan komentar,saran, dan kritik demi kemajuan blog ini :)

Posting Komentar