Ikrar Syawalan

Bismillahirrahmanirrahiim
Ashaduala ilaha ilallah wa ashaduana muhammadarasulullah
Kanthi nyebut Asma Dalem Allah Ingkang Maha Mirah lan Maha Asih.
Kula nekseni bilih boten wonten Pangeran ingkang kula sembah kejawi namung Allah
lan kula nekseni bilih Nabi Muhammad solallahu 'alaihi wasalam punika nabi lan utusanipun Allah.
ya ikhwanii isfakhuulii wa isfakhu lakum
Keparenga kula matur dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek kula sedaya: "Mugi keparenga panjenengan kanthi raos tulus lan ikhlas, Panjenengan paring pangapunten dhumateng sedaya khilaf lan kalepatan kawula lan mekatena ugi kula kanthi raos tulus lan ikhlas caos pangapunten dhumateng sedaya khilaf lan kalepatan panjenengan sedaya."
Taqobbalallahu minna wa minkum wajangalnallahu wa iyyakum minal 'aidzina walfaidzin wal mafbuuliin
"mugi-mugi Allah wontena keparenga angabulaken panyuwunan kita sedaya lan nglebetaken kita dados golonganipun tiyang-tiyang ingkang dipun wangsulaken dhateng fitrah kesucianipun, ugi golonganipun tiyang-tiyang ingkang dipuntampi amal ibadahipun dening Allah subhanahu wata'ala."
amin yaa rabal 'alamin, wal khamdulillahirabil'alamin

0 comments:

Terima kasih Anda telah memberikan komentar,saran, dan kritik demi kemajuan blog ini :)

Posting Komentar